RSS
Hello! Welcome to this blog. You can replace this welcome note thru Layout->Edit Html. Hope you like this nice template converted from wordpress to blogger.

TREBANG RANDU KENTIR

Kacarita ning taun 1897 , ana sawijine kaluwarga Ki Darwinan lan Nyi Darwinan urip rukun kinasihan, manggon ning pinggir bengawan cimanuk. Wong loro mau dowe anak wadon diarani prawan sunti.
Kasabe ki darwan lan Nyi Darwan tetanen palawija lan nyeser iwak lembut sapinggire kali cimanuk . lan sing lanang nandur bonteng, encung, kacang Lombok, ceplik lan boled. Sing wadon nyeser wader, urang ning bantaran kali cimanuk.
Ning sawijine dina, Ki Dariwan lagi enak-enak ngosrek suket ning kebonan dadak sekala kaget krungu swarane Nyi Dariwan njaluk tulung sns ning sepinggire kali “kang.. kang Dariwan … menea kang tulung sarahaken kayu randu…”ngrungu suara mengkonon gage bae ki Dariwan mlayu nuju ning Nyi Dariwan sing lagi ngraweng-ngraweng kayu randu.
Ndeleng kaya mengkonon, beli kakean ngomong ki Dariwan langsung njebur nyarah kayu randu.
Waktu semono kali lagi bajir gede Ki Dariwan sing lagi narik-narik kayu randu sing gede ora kejagan, Ki Dariwan ketarik terus ketendenan kayu randu mau, terus kenyut ora bisa gugulawat.
Ndeleng kedadian mengkonon Nyi Dariwan bingung jejeritan tulung-tulung sing sapa, jagat pas bedug laka wong laka wong wing Nyi Dariwan nangis sedawane tanggul, swarane sampe serak “Kang.. Kang dariwan,,, kulane bakale karo sapa kang….” Duh kang dariwan.
Gara-gara randu kentir dadi sedih sedawane pikir,,”
Nyi Dariwan terus nangis, tangan tengene nggeceki seser bekekane nyangklek tlembo/ tolok.
Nyi dariwan klalen ning perawan sunti, mlaku satuture dalan klalen mangan klalen turu, manjing desa. Pitung dina lawase Nyi Dariwan ketemu karo rombongane brahi “Kang Dariwan, ayuh balik ning gubug cilik gara-gara randu kentir dadi susah sedawang pikir”.
“Duh kang Dariwan tegel temen sampeyan ninggalaken kula badan sekujur kelara-lara, kang Dariwan”.
Tangise Nyi Dariwan kebeneran pas karo tabuhan brahi. Wong-wong pada mlongo ngrongokaken Nyi Dariwan nangis rasa nglangsa ning ati. Akhire pimpinan brahi nglatih Nyi Dariwan. Lawas-lawas Nyi Dariwan kepanjing salah sijine sinden sing kewentar ning kesenian brahi, lan kesenian mau ngganti aran dadi trebang duwe arti trep karo tembang, akhire grup trembeng diarani TREBANG RANDU KENTIR aran mau njukut sing sejarah Nyi Dariwan.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Copyright 2009 Kumpul Dermayon. All rights reserved.
Free WordPress Themes Presented by EZwpthemes.
Bloggerized by Miss Dothy