RSS
Hello! Welcome to this blog. You can replace this welcome note thru Layout->Edit Html. Hope you like this nice template converted from wordpress to blogger.

DOLANAN GLATIKAN
Dolanan glatikan merlokaken piranti kaya dene kayu/ wila akehe rong macem ana sing dawa la nana sing rada cindek, lan bata akehe rong macem. Bata iki gunane kanggo tatakan nyutik.
Cara maenakene yaiku kayu sing cendek dicutik bari kayu sing rada dawa, soke mlesat trus dipancak ning sing ngjaga sedurunge pada maen, kudu situjah dingin, tegese kanggo nentokaken sapa sung kudu nyutik dingin.
Sing mancak mau kudu mbalangaken sampe kena ning kayu sung di plagarangaken ning genae mau. Ning kono baka ora sampe ngenai kayu sing diplagrangaken saduwure bata, tekane plesatan kayu mau ngrupaaken jarak entungan biji kanggo sing nyutik. Temtune mbalangakene kudu sampe kena baka arep ngganteni pemaen sing nyutik.
Baka entungane akeh, iku sing dinyatakaken menang. Dolanan iki dilakokaken ning wayah awan utawa sore. Sing jelas pemaen kudu pinter mancak, patitis enggone mbalangaken lan uga pinter ngetung.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Copyright 2009 Kumpul Dermayon. All rights reserved.
Free WordPress Themes Presented by EZwpthemes.
Bloggerized by Miss Dothy